Rabu, 04 Desember 2013

Opera Mahakarya Dieng

Acara kang digelar ing Alun-Alun Wonosobo iki, dibukak kanthi Wonosobo Night Costume Carnival. Duta seni watara cacah 20 saka kecamatan sak Kabupaten Wonosobo megal-megol, mlaku ngubengi alun-alun, maragakake busana utawa kostum kang nggambarake asil bumi Kabupaten Wonosobo lan budaya saka Kabupaten Wonosobo. Sawise wonosobo Night Coustome Carnival digelar, ewon warga Wonosobo kang teka disuguhi sendra tari tataran internasional kanthi irah-irahan mahakarya Dieng. Penari watara cacah 526, nari jrone pagelaran sendra tari kasebut.
Sendra tari makarya Dieng nyritakake babagan peradaban Dieng nalika jaman Hindu-Budha kuno, wiwit abad 6 nganti 8 Masehi, nganti madege Candi Dieng ing Kabupaten Wonosobo. Tata panggung lan lampu kang apik sangsaya anjalari pagelaran sendra tari makarya Dieng kang lagi sepisanan dipentasake kasebut, katon spectakuler. Miturut Bupati Wonosobo, Kholiq Arif, lumantar sendra tari mahakarya dieng kasebut, pehake ngajab bisa mbalekake Citra Wonosobo lan Dieng minangka punjering peradaban budaya. Ing taun taun sak banjure, bupati ngajab sendra tari kasebut bisa luwih sampurna satemah bisa didadekake kegiatan taunan kang bisa dadi salah sawijine pariwisata kang diagul-agulake ing Kabupaten Wonosobo. (Rahardian Setiawan - Wonosobo)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar